Lampahan Umar Amir (Wayang menak)



(umarmaya ringgit menak wacucal koleksi Ki Suluh Juniarsah (balang-karanglo-klaten))




Pathet nem :

1. Jejer negara medayin : prabu nusirwan kahadep patih bestak, resi betaljemur lan senopati hirjan. Rembag : sang nata ngimpi dahar jenang dodol werna cemeng, miturut kitab adammakna kagunganipun resi betaljemur punika pralambang bilih badhe wonten wong Agung lahir, patih bestak ngicuk icuk bilih punika ingkang benjang badhe njongkeng kawibawan prabu nusirwan mila kedah dipun pejahi, resi betaljemur ngalang alangi nanging datan digugu dening prabu nusirwan. Sang nata ndawuhaken ki patih mbudalaken wadya, sak wontenipun tiang wadon ingkang mbobot dipun pejahi. Pasewakan bubaran.

 2. Paseban njawi : patih bestak kahadep senapati hirjan, raden hurmus, raden hirman, raden kistaham, lan raden semakun. Rembag : tata tata budhalan ngupaya tiang wadon ingkang sami mbobot dipun pejahi awit wonten sabda bilih benjang badhe tumurun wong Agung ingkang badhe njongkeng kawibawan sang nata. Budhalan.

3. Jejer negara mekkah (puser bumi) : prabu abdul muthalib kahadep raden abdullah, raden abbas, raden abu thalib lan patih tambi jumiril. Rembag : ngimpi dahar rembulan, ingkang separo didahar patih tambi jumiril lan separo didahar prabu abdul muthalib, kamangka kekalihipun sami sami garwanipun nggarbini. Kesaru praptanipun resi betaljemur, ngandani menawi wadya medayin ngamuk mila prabu abdul muthalib kadhawuhan tata tata perang. Budhalan.

4. Perang gagal : wadya mekkah kepapag wadya medayin. Sulayaning rembag dadi pancakara rame, nanging wadya mekkah kalah awit kekirangan wadya, wadya mekkah sami mundur. Candhakan : resi betaljemur muja kumbang dados kewan wabru (gajah ngagem swiwi lan sungu) kinen ngunduraken wadya medayin, wadya medayin sami kamigilan gya mundur. Sigeg.

5. Candhakan magak : ringkese cariyos sami babaran. Putra prabu abdul muthalib lan patih tambi jumiril sami lahir. Ingkang kulit putih atmajanipun prabu abdul muthalib kaparingan asma amir Dene ingkang kulit cemeng atmajanipun patih tambi jumiril kaparingan nama umar. Candhakan : putra kekalih kabekta resi betaljemur wangsul ing pertapan balki. Sigeg.

 Pathet sanga :

 1. Jejer pertapan balki : (ringkese cariyos kekalihipun sampun diwasa) resi betaljemur kahadep amir lan umar, rembag : sampun purna anggenipun kagulang sedaya ngelmu, amir kaparingan aji petak ambyah lan ngelmu perang junjungan Dene umar malah kaparingan wujud kantong kasang kodratullah saking nabi khidir ingkang dayanipun saged ngabulaken sedaya panyuwunan. Kekalihipun kadhawuhan lelana brata. Sedaya sandika kadherekaken punakawan.

2. Perang begal : ing margi kekalihipun kabegal putra nata nglabani atmajanipun prabu masban nama raden maktal, niat arsa laku mbegal lan ngrampok. Dadi perang rame, wekasan raden maktal badhe kabanting dening amir nanging raden maktal nyuwun gesang mila raden maktal nyuwun pangapura lan purun dados tetelukan. Lajeng sami nerusaken lampah

 3. Candhakan : ing margi saketiganipun kepapag kewan wabru, ditempiling pisan dening amir malah kewan wabru mati, praptanipun resi betaljemur ngrangkul amir, resi betaljemur ngandika bilih punika kinarya sayembara ing medayin, sinten kewala kang bisa mejahi kewan wabru punika ingkang krama Putri medayin sesilih Dewi muninggar. Mila resi betaljemur paring payung tunggul naga lan kakanthi tumuju negara medayin. Sigeg.

Pathet manyura :

1. Ing negara medayin : prabu nusirwan lan patih bestak nampi sowanipun resi betaljemur, amir, umar lan raden maktal. Rembag : resi betaljemur ngandika bilih kewan wabru pejah dening amir mila kedah dipun kramakaken kaliyan Dewi muninggar, datan kantun raden maktal ugi ngaturaken banda banda asil mbegal kinarya tanda bekti dhateng sang nata. Sang nata dereng kepareng dhawuh malah di icuk icuk dening patih bestak,reka reka damel sayembara kedah perang kaliyan senopati hirjan. Amir sandika.

2. Candhakan ing alun alun : amir kepapag senopati hirjan. Dadi perang rame, senopati hirjan dibanting klenger. Malah patih bestak ndawuhaken wadya medayin ngroyok amir nanging amir tetep menang, candhakan : umar anyel mangertos polahe patih bestak lajeng nyobi katiyasane kantong kasang kodratullah, malah umar malih rupa dados awon, umar mapag patih bestak, patih bestak kamigilan ngantos umar polah joget ngleter, saking bungahe.

3. Candhakan : rikala amir nyabda umar wangsul wujud sakawit mboten saged umar kaget lan nangis, dilipur resi betaljemur, ngandika mbesuk bisa wangsul wujud Bagus nanging mboten sawanci wanci, namung yen wonten bab wigati. Resi betaljemur paring nama amir dados amir hamzah ya wong Agung jayengrana wondene umar kaparingan nama umarmaya ya raden tasikwaja. Tancep kayon.

Comments

Popular Posts