Lampahan Ajisaka (Wayang Madya)


Pathet nem :

1.       Jejer Negara bani Israel (prolog) : prabu usman aji ya ngusmahaji kahadep ingkang putra siswa nenggih raden ajisaka. Rembag : nalika semanten ajisaka kala kapengker nate numbal tanah jawa kinarya papan panggesanganipun para manungsa,sang nata ndawuhaken ajisaka kinen tilik tanah jawa kados pundi ing sakmangke panggesanganipun para manungsa ingkang wonten tanah jawa,namung kaweling dening prabu usman aji sampun ngantos mabur,mawi gegaman landep lan salin busana cara jawa. Ajisaka sandika nulya pamit. Candhakan : ing pesisir bani Israel ajisaka kahadep para abdi nenggih : dora lan sembada dalah duga lan prayoga,kakanthi bidhal mring tanah jawa,nitih kapal ageng,budhal. Candhakan : dumugi ing pulo majeti ajisaka ndawuhaken dora lan sembada tunggu keris pusakanipun ajisaka. Kaweling : aja pisan pisan ngalih saka pulo majeti yen dereng kepapag ajisaka,dora lan sembada sandika,gya ajisaka anganti duga lan prayoga kinen tumuju mring tanah jawa. Sigeg 

2.       Jejer Negara galuh pakuan (tanah sunda) : prabu gusti pakungwati kahadep ingkang rayi raja gusti manggalawati, gusti mangkarawati lan patih aki tuha. Rembag :  krungu kabar bilih kathah Negara Negara sanes kabedah ratu medangkamulan prabu dewatacengkar,sang nata arsa ndawuhaken kinen ngraman dhateng medangkamulan. Praptanipun ingkang guru nata nenggih ajisaka,sawusnya bage binage,lan ngandika bab sedyanipun,ajisaka menggak kersanipun sang nata,malah ajisaka kersa nyarirani piyambak,sang nata ndawuhaken ki patih kinen pacak baris nguntabaken jengkaripun ajisaka. Patih aki tuha sandika nulya kondur ngedhaton.

3.       Budhalan Negara galuh pakuan

4.       Jejer pindo ing paseban Negara medangkamulan : rayi nata medangkamulan kekalih,ratu bali lan ratu Madura. Prabu dewatagung kahadep prabu dewa pamunah. Rembag : saya dangu saya dangu kawula medangkamulan busis telas awit dados mangsanipun ingkang raka,tinimbang mangke prabu dewa pamunah lan prabu dewatagung samar dados mangsan prabu dewatacengkar,prayogi wangsul ing prajane sowang sowang. Budhalan sabrang 

5.       Perang gagal : wadya bali lan Madura kepapag wadya galuh pakuan,sulayaning rembag dados pancakara,wadya bali lan Madura kawon,nata kekalih nyarirani piyambak nanging kawon dening ajisaka,ratu kekalih teluk lajeng kadhawuhan wangsul prajane sowang sowang. Candhakan : ajisaka kahadep patih aki tuha,ajisaka ngandika arsa manggihi danyange tanah jawa kyai semar sak pranakanipun,dene ki patih kadhawuhan wangsul mring galuh pakuan sak wadyanipun. Sigeg.

6.       Jejer magakan ing Negara medangkamulan : prabu dewatacengkar kahadep ingkang putra raden daneswara lan patih harya tengger. Rembag : sang nata ndawuhaken ki patih kinen ngupaya manungsa kinarya mangsan sang nata,nanging kapenggak dening raden daneswara,dados adu bantah bapak lan anak. Wekasan raden daneswara katundung,dene patih harya tengger budhal.

Pathet sanga :

1.       Ing klampis ireng (sak bubare gara-gara) : semar kahadep gareng,petruk lan bagong. Dereng ngrembag wosing gati katungka praptanipun ajisaka ingkang sampun mawi busana jawa. Sawusnya bage binage,ajisaka anganti punakawan budhal mring medangkamulan. Sigeg 

2.       Ing ndusun (wewengkon medangkamulan) : mbok randha sengkeran lelenggahan ing emper griya rerasan menawi nemu endog ingkang kinira endog pitik,candhakan : nalika dumugi petarangan endog,mbok randha sengkeran kaget menawi endog netes dados ula ageng,nalika digusah ula punika saged tata jalma,lan ngaku nama jaka linglung,ngaku nalika ing petarangan nampi wangsit bilih punika putra ajisaka lan nyuwun dhateng mbok randha sengkeran kinen ngawu awu sudarma. Mbok randha sengkeran sagah lan anganti ula jaka linglung budhal ngupaya ajisaka. 

3.       Perang kembang : rikala ing margi ajisaka kepapag patih harya tengger. Sulayaning rembag dadi pancakara,patih harya tengger kasoran lan ngaku badhe ngupaya mangsan sang nata. Ajisaka sagah lan kakanti budhal mring medang kamulan.

4.       Jejer sintren ing medangkamulan : prabu dewatacengkar nampi sowanipun patih harya tengger lan ajisaka,ngandika bilih ajisaka sagah dados mangsan sang nata. ajisaka sagah nanging nyuwun lemah jembare sak surbane ajisaka kinarya warisan,sang nata saguh. Candhakan : ajisaka ngudaraken surbanipun,surban kawedar dados amba angebaki Negara medangkamulan,Negara kebak surban. Prabu dewatacengkar muring gya nyuwek nyuwek surban mawi pusaka trisula. Candhakan : rikala arsa nubruk ajisaka,ajisaka nyabda prabu dewatacengkar dados bajul. Prabu dewatacengkar dados bajul putih,kaseblak barat dening ajisaka,bajul putih nesu lajeng badhe nubruk ajisaka. Ajisaka lumajar. Sigeg 

Pathet manyura : 

1.       Ing tengah margi : ajisaka lumajar pinanggih kaliyan mbok randha sengkeran lan ula jaka linglung. Sawusnya bage binage,ula jaka linglung badhe suwita ing ngarsanipun ajisaka,ajisaka purun ngaku anak menawi ula jaka linglung sagah nyirnakaken ratu medangkamulan ingkang wujud bajul putih,ula jaka linglung saguh gya budhal. Candhakan : ula jaka linglung kepapag bajul putih,dadi perang rame,wasana bajul putih pejah. Candhakan : raden daneswara ngrungkepi kwandanipun ingkang rama,ajisaka mundut raden daneswara dados putra,lan ajisaka dados nata ing medangkamulan jejuluk prabu isyaka.

2.       Ing Negara medangkamulan : prabu isyaka kahadep raden daneswara,patih harya tengger,ula jaka linglung,duga,prayoga lan semar. Rembag : mranata Negara medangkamulan ingkang kados wingi uni jaman ingkang nata taksih swargi prabu sindula (ramanipun prabu dewatacengkar ingkang pejah dening prabu dewatacengkar piyambak),lan ula jaka linglung kapundut putra,kaparingan nama naga darma. Dereng dangu prabu isyaka kemutan  bilih dora lan sembada taksih wonten ing pulo majeti tunggu pusaka,sang nata rucat busana malih wujud ajisaka wingi uni,raden daneswara kapundut kinarya sesulih nata ing medangkamulan,ajisaka anganti duga lan prayoga tumuju ing pulo majeti.

3.       Candhakan brubuh ing pulo majeti : dora kahadep sembada. Rembag : rerasan ingkang bendara ajisaka dereng kepareng wangsul mapag dora lan sembada,dora arsa nyusul ajisaka nanging kapenggak dening sembada awit kekalihipun sampun kajibah tunggu pusaka,wasana dados bantah rame. Sulayaning rembag dados pancakara,pungkasan dora lan sembada mati sampyuh,candhakan : duga lan prayoga mangertosi dora lan sembada sampun pejah gya nangis,ajisaka kaget menawi abdi kekalih pejah sampyuh,lajeng nangis dhateng semar. Kinarya pepenget kaserat aksara jawi : HANACARAKA,DATASAWALA,PADHAJAYANYA,MAGABATHANGA. Lan ajisaka paring sabda “dadia titah aja kaya DORA lan SEMBADA (wong goroh ning sembada samubarange) nanging dadia titah kang aja ninggalake DUGA lan PRAYOGA (wong ngati ati bakal slamet tembe mburine. Dipun sekseni semar. Tancep kayon

Comments

Popular Posts