Lampahan Srikandhi mbarang tayup (Wayang purwa)

 
 
Pathet nem : 
 
1. Jejer nagari ngamarta : puntadewa kahadep kresna, baladewa, werkudara lan setyaki rembag : murcanipun arjuna lan sembadra damel sisahing sang nata, kresna lan para kadang sagah ngupadi murcanipun lan ngupaya sarana saged timbulipun ingkang rayi ing madukara. Sigeg gya kondur angedaton. 
 
2. Paseban njawi : baladewa,werkudara lan setyaki ngawe para wadya. Antareja,gathutkaca, antasena, tambakganggeng, pragota lan prabawa rembag : angupaya murcane arjuna lan sembadra. Bidhalan. 
 
3. Ing tawang gantungan : sukma dasamuka inggih godhayitma ing tawang gantungan, indrajid lan prahastha rembag : dasamuka sampun kelampahan nyidra arjuna lan sembadra, miturut wangsit inggih punika sembadra titis widawati mila arsa kagarwa dene arjuna badhe kapejahaken kanthi srana dipun cemplungaken ing sumur upas, budhalan sabrang. Dasamuka mabur nggegana. 
 
4. Perang gagal : wadya tawang gantungan kepapag barisan ngamarta. Sulayaning rembag dadi pancakara rame. Wekasan wadya tawang gantungan kasor gya lumajar. Candhakan : arjuna kacemplungaken sumur upas dening dasamuka, lajeng dasamuka wangsul tawang gantungan. Sigeg. 
 
Pathet sanga : 
 
1. Gara gara : ing madyaning wana abimanyu sungkawa kalipur para punakawan, sasampunipun sami suka parisuka, abimanyu nampi dawuh saking ingkang eyang begawan abiyasa bilih tiyang sepuhipun abimanyu saged timbul menawi ingkang ibu anem inggih srikandhi kadhawuhan mbarang mbeksa tayup wonten alam sonya ruri, mapan wonten tawang gantungan,gya wangsul ing madukara. Ing wana lajeng perang kembang
 
2. Candhakan : ing margi abimanyu kepapag ingkang uwa ing dwarawati saha mandura. Sawusnya bage binage abimanyu ngandika ingkang dados dhawuhipun ingkang eyang begawan abiyasa, kresna gya anganti para kadang ing madukara. 
 
3. Ing madukara : ingkang dahat sungkawa nenggih srikandhi dene tininggal arjuna lan sembadra, dereng dangu kasaru praptanipun kresna, baladewa, abimanyu. Rembag : arjuna lan sembadra saged timbul menawi srikandhi kersa mbarang tayup wonten alam sonyaruri, pase wonten tawang gantungan. Waunipun srikandhi Tan kersa nanging dipun apusi kresna, wekasan srikandhi purun, lajeng srikandhi dipun pacaki ledek tayup, dipun paringi nama Endang lali jiwa, sedaya andum damel, semar dados pinisepuh tayup, kresna dados penggender, baladewa dados pengendang, werkudara dados tukang nyiter, dene putra putra pandawa dados pembalung, pengempul lan pengenong, dene petruk lan bagong kadawuhan usung usung. Gya bidhal. 
 
Pathet manyura
 
1. Ing tawang gantungan : dasamuka kahadep indrajid lan prahasta. Rembag : suk tyasipun sampun nyidra sembadra lan arsa kagarwa, dene arjuna sampun kacemplungaken ing sumur upas, minangka raos suka parisuka dasamuka ndawuhaken indrajid lan prahasta ki en ngupadi wong mbarang, arsa dipun tanggap sadangunipun pitung ndina, gya bidhal. 
 
2. Candhakan : indrajid lan prahasta kepapag semar lan Endang lali jiwa. Rembag : indrajid arsa nanggap paguyuban tayup punika,sasampunipun kelampahan dipun tanggap tayup punika, wadya tawang gantungan lena awit sami mendem . Candhakan : kresna ingkang dados penggender lumampah mlajar lan muja semedi mateg aji pameling animbali anoman. Anoman dumugi. Andum lampah, anoman nyidra sembadra ing kedaton tawang gantungan dene kresna bakal ngupadi arjuna. Sasampunipun kelampahan sedaya lajeng wangsul ngamarta. 
 
3. Candhakan : sasampunipun sami lena, indrajid kaged bilih ingkang memba dados tiyang mbarang punika para pandawa, lan sampun mboyong wangsul arjuna lan sembadra. gya wadul dhateng dasamuka. Dasamuka muring gya bidhal nglurug ngamarta. 
 
4. Ing ngamarta : puntadewa nampi praptanipun para kadang lan sampun mboyong arjuna lan sembadra, nanging arjuna pejah, kresna lajeng nggesangaken malih mawi kembang wijayakusuma, arjuna saged gesang malih, puntadewa bungah sanget. Geger njawi : praptanipun tambakganggeng wadul bilih dasamuka ngamuk sak wadyanipun. Kresna ndawuhaken anoman kinen mapagaken mengsah. Sandika gya bidhal. 
 
5. Perang brubuh : anoman pinanggih dasamuka lan dados perang rame. Wekasan dasamuka kasor lan lumajar wangsul. Wadya tawang gantungan dipun mawutaken werkudara lan anak anakipun. Sasampunipun sami lumajar. Werkudara tayungan Tancep kayon

Comments

Popular Posts