Lampahan Samba Juwing (Wayang Purwa)

 
 (raden samba,satriya paranggarudha,putra nata ing dwarawati)
 
Pathet nem : 
 
1. Jejer dwarawati : prabu kresna nampi praptanipun ingkang raka nata mandura prabu baladewa. Kahadep Raden setyaka lan raden setyaki. Rembag : babagan katresnan kaperang dados pinten perangan : ngoyak turus ijo, banteng ngunda jejawi lan ngrusak pager hayu, wonten ugi sanese katresnan kaperang dadi pirang perangan : seneng pareng,lanang lan wadon, tunggal jinis. Sareng mireng dawuhipun nata mandura dahat nggumun kok mboten sambung dipun ajak pirembagan jebul nata dwarawati ngrembag ingkang putra ing parang garudha raden samba anggenipun kebacut tresna mring Putri nagari kasapta atmajanipun prabu krentagnyana sesilih dewi hagnyanawati,kamangka punika garwanipun ingkang raka nata ing trajutrisna prabu boma narakasura, kagyat tyase nata mandura dupi mangertos sabdhane nata dwarawati. Prabu baladewa lajeng ngelipur prabu kresna ing pangajab ampun ngantos dipenggalih sanget sanget, prayoginipun bab punika dipun rampungaken putra kekalih kemawon. Dereng rampung pirembagan praptanipun duta saking trajutrisna nenggih patih maudara, kautus dening sang nata kinen ngaturaken layang konjuk sang nata. Maudara lumengser saking pasewakan, layang kawaos dening sang nata, kagyat mangertos surasaning layang lajeng dipun banting, sakala ambruk prabu kresna,prabu baladewa kaget, nata dwarawati ngandika bilih surasaning layang saking ingkang putra nata trajutrisna bilih samba katuran ing trajutrisna dadi bandan, wekasan nata mandura kaget lan melu nangis, keparengipun prabu kresna tumuju aneng parang garudha, prabu baladewa nderek,kondur angedaton. 
 
2. Paseban njawi : patih maudara ngawe wadya trajutrisna kang tinindihan dening ingkang rayi nenggih ancakogra lan amisundha, datan kantun wadya trajutrisna, rembag : wadya trajutrisna kadawuhan nata dwarawati kinen sumene sawatawis ampun ngantos mapan dangu ing alun alun mundak gawe giris para kawula dwarawati, sedaya sandika gya budhalan sabrang. 
 
3. Ing tengah margi : prabu kresna lan prabu baladewa lumampah, dereng dangu praptanipun samba, wusnya bage binage samba dipun uring uring lan diwejang katah dening ingkang Rama babagan tumindakipun samba kang mbergonjak garwaning kakange, wekasan nata dwarawati ngandika yen samangke samba kedah tumuju ing trajutrisna dadi bandan, samba ambruk lan nangis, sarwi sambat nyuwun pangapunten, nata dwarawati namung saged ngandani yen sing miwiti lelakon samba sing ngrampungi ya kudu samba. Wekasan prabu kresna ngawe patih maudara, samba kabanda tangane gya kaaturaken mring nata trajutrisna, patih maudara sandika gya bidhal sareng klawan samba, dereng dangu praptanipun setyaki, datan narimakaken lelampahan punika, karepipun setyaki badhe nguculaken bebandanipun samba, prabu kresna tan malilahi wekasan setyaki nekat budhal, prabu baladewa ugi mekaten, nututi setyaki, nata dwarawati muntab, gya nututi. 
 
4. Perang gagal : patih maudara mbeta samba kang kabanda tangane, dicegat setyaki lan dipun uculaken bandanipun wekasan patih maudara muring lan ndawuhaken wadya trajutrisna kinen ngroyok setyaki, dadi pancakara rame, nanging wadya trajutrisna kawon tanding klawan setyaki lan prabu baladewa, patih maudara nyegat samba nanging patih maudara pejah dening samba wekasan nata dwarawati muring lan nguman uman malih dhateng samba. Samba mlajar. Wadya trajutrisna kang tinindihan ancakogra lan amisundha nguber samba. Sigeg
 
5. Adegan magak (ing astana gadamadana) : resi gunadewa nampi praptanipun ingkang rayi pun samba. Rembag : samba nyuwun pangayoman bab lelampahan punika, nanging gunadewa datan purun ngayomi malah mejang katah bab katresnan, awit tumindakipun kang mlenceng saking bebener, resi gunadewa dhawuh kinen nyuwun pangayoman ingkang uwa ing madukara pun raden arjuna, samba bidhal. 
 
Pathet sanga : 
 
1. Jejer kasatriyan madukara : raden arjuna kahadep ingkang garwa dewi sembadra lan srikandi. Ugi para punakawan, tan dangu praptanipun samba. Rembag : gandrung klawan garwa ingkang raka ing trajutrisna nenggih dewi hagnyanawati, lan nyuwun pangayoman, arjuna tan saguh waunipun nanging samba sampun sumpah yen tan saguh sinandingan hagnyanawati lila menawi pejah dinten samangke. Raden arjuna saguh gya anganti samba ing trajutrisna, arjuna saguh nembungaken dhateng ingkang raka prabu boma narakasura bab dewi hagnyanawati, gya bidhal kaderekaken punakawan. 
 
2. Candhakan : ing margi arjuna kepapag ingkang putra ing pringgodani pun raden gathutkaca, rembag : ngawat awati lakunipun samba ing trajutrisna, gathutkaca sandika gya bidhal sesarengan.
 
3. Perang kembang : ing margi arjuna kepapag wadya trajutrisna kang tinindihan dening ancakogra lan amisundha, rembag : nggoleki samba badhe dipun dadosaken bandan, sulayaning rembag dadi pancakara rame. Wekasan wadya trajutrisna kalebet ancakogra lan amisundha pejah dening arjuna lan gathutkaca. Sigeg
 
4. Candhakan : arjuna methuki samba, rembag : samba kedah nanting hagnyanawati purun kaboyong ing dwarawati napa mboten yenta purun arjuna sagah nembung dhateng prabu boma narakasura. Samba sandika gya bidhal. Sigeg
 
Pathet manyura : 
 
1. Jejer kahywangan suralaya : batara guru kahadep batara narada,lan batara Indra. Dereng dangu bage binage praptanipun Batari durga, rembag yenta kahywanganipun ing dhandhangmangore tansah panas awit saking kasaenanipun tumindak prabu boma narakasura dhateng samba, miturut kitab para jawata wus titiwanci samba kedah pejah ing tanganipun prabu boma narakasura, batara guru dawuh Batari durga malilahi prabu boma narakasura dipun godha nanging ampun kaliwat saking Wates. Batari durga sandika gya bidhal. Batara guru anganti batara narada kinen ngawat awati lampahipun Batari durga. Sigeg. 
 
2. Ing taman trajutrisna : dewi hagnyanawati dipun adep dening prabu boma narakasura nanging sareng sang dewi mangertos yen punika sanes samba lajeng sang dewi nyingkur sang nata, kamangka prabu boma narakasura gadah pangajab kepengin mikramakaken dewi hagnyanawati dhateng samba, mila sampun utusan patih maudara ing dwarawati, dereng dangu pirembagan praptanipun yayahgriwa, matur menawi duta trajutrisna sak wadya trajutrisna pejah sedaya,patih maudara pejah dening samba, dene ancakogra lan amisundha pejah dening arjuna lan gathutkaca,wekasan seling surup, muring prabu boma narakasura gya medal njawi. Candhakan : prabu boma narakasura ngawe titihanipun garudha wilmuna rembag bab lelampahan punika, garudha wilmuna ngandika bilih nalika ngawat awati patih maudara ing margi jebul ingkang lepat marasepuhipun prabu boma narakasura kang nami prabu krentagnyana, awit nalika lumampah badhe ngaturaken layang prabu boma narakasura, surasaning layang samba katuran ing trajutrisna bakal kadaupaken kaliyan hagnyanawati nanging dening prabu krentagnyana dipun salin surasaning layang, bilih samba katuran ing dwarawati dadi bandan, prabu boma narakasura muring gya dhawuh mring garudha wilmuna kinen nimbali marasepuhipun. Garudha wilmuna sandika gya bidhal. Candhakan : ing margi garudha wilmuna kepapag seduluripun garudha wildata, wiwit rumiyin nadyan sedulur nanging gandeng kriwikan dadi grojokan wekasan dadi pasulayan, lajeng garudha kekalih perang rame, garudha wilmuna pejah katindihan wit ageng ingkang dipun ambrukaken garudha wildata. Sigeg. 
 
3. Candhakan : prabu boma narakasura nampi lapuran yayahgriwa bilih garudha wilmuna pejah dening seduluripun nama garudha wildata, prabu boma narakasura muring, bingung lajeng anganti yayahgriwa ing dwarawati, hagnyanawati kapasrahaken ingkang rayi pun samba amrih padang lelampahanipun trajutrisna. Gya bidhal. 
 
4. Adegan juwing : samba pinanggih hagnyanawati lajeng andon Asmara, dereng dangu praptanipun prabu boma narakasura, kagyat sedaya sami nyuwun pangapunten nanging prabu boma narakasura datan punapa awit niat sang nata kepengin ngrabekaken samba lan hagnyanawati, prabu boma narakasura iklas yen garwane kagarwa dening ingkang rayi, nalika badhe kadaup dereng dangu praptanipun Batari durga saking gegana lajeng nyusup ing angganipun prabu boma narakasura. Sang nata lajeng njabel ucapipun wekasan sang nata duka yayah sinipi, nguman uman samba ingatase garwane kakange kok tega ditresnani adhine wekasan samba dipun siksa nanging dipun pisah dening hagnyanawati, pungkasan hagnyanawati dipun pejahaken dening prabu boma narakasura. Samba nangis sarwi ngucap badhe sumusul, mireng ucapipun samba kang mekaten, prabu boma narakasura saya tambah muntab gya nglarak samba tumunten kasiksa malih,samba ngrintih sarwi ngucap nyusul hagnyanawati, malah saya tambah ngabangake kupinge nata trajutrisna gya samba kasuwek tutukipun ngantos dumugi kuping, wekasan dadi lan patine samba, dereng lega tyase prabu boma narakasura kang sejatosipun kesusupan Batari durga, samba lajeng dipun juwing juwing kwandanipun ngantos mboten wujud manungsa. Katungka praptanipun yayahgriwa sarwi nangis, ingatase Ratu kok mentala njabel ucape kang sekawit, krungu ucap kang mekaten Batari durga medal ing angganipun prabu boma narakasura sarwi gumuyu lan ngandika bilih sampun cekap semanten tumindak saenipun prabu boma narakasura gya wangsul kahywangan. Prabu boma narakasura kaget gya nyuwun pirsa dhateng yayahgriwa wonten lelampahan menapa, yayahgriwa nangis mung saged nuding kwandanipun samba lan hagnyanawati ingkang dipun rampungi dening nata trajutrisna kang sanget wengis, prabu boma narakasura kaget lajeng nangis sarwi ngrangkul kwandanipun samba lan hagnyanawati, nata trajutrisna isin sakmangke umpami kadenangan ingkang Rama ing dwarawati kados pundi, lajeng nata trajutrisna dawuh kwandanipun samba lan hagnyanawati karukti, prabu boma narakasura arsa ndelik ing gedong pusaka. Sandika gya bidhal. Sigeg
 
5. Adegan negari dwarawati : prabu kresna kahadep prabu baladewa lan werkudara. Praptanipun arjuna sarwi nangis nyuwun pejah, nata dwarawati datan mangertos menapa lelampahan samangke, arjuna ngandika bilih samba pejah ing tanganipun prabu boma narakasura kajuwing juwing kwandanipun, prabu kresna ngandika lila yen samba sampun tumekaning Pati nanging kedah diijoli nyawane prabu boma narakasura. Wekasan sami bidhal nglurug trajutrisna. Candhakan : prabu kresna ngawe gathutkaca, gathutkaca kadawuhan kinen mancing prabu boma narakasura supados saged medal lan ngajak bandayuda, dene prabu kresna arsa ngremuk ibune prabu boma narakasura nenggih Batari pertiwi. Bidhal. 
 
6. Perang brubuh : prabu boma narakasura kepetuk gathutkaca lan dadi pancakara rame, gathutkaca waune saged mejahi prabu boma narakasura nanging awit saking dayane aji pancasona kang saged gesang malih. Prabu boma narakasura tangi malih gya perang kalih gathutkaca malih, prabu kresna dawuh dhateng gathutkaca kinen prabu boma narakasura dipun pejahi ing awang awang, lan bakal dianjang anjang mawi anjang anjang saking kahywangan. Gathutkaca sandika gya mbeta prabu boma narakasura ing gegana dipun pothol gulune dadi lan patine. Lajeng dipun anjang anjang dening prabu kresna wekasan mboten saged gesang malih. Candhakan : prabu kresna gya nyawat cakra kenging yayahgriwa dadi lan patine. Tancep kayon

Comments

Popular Posts