Lampahan Prabu Klana Sewandana/Alap alap Sanggalangit (Wayang gedhog)

 
(ringgit gedhog prabu klana sewandana ratu ing negara bantarangin ya ing negara wengker,ringgit koleksi Ki Rudy Wiratama Partohardono)
 
Pathet nem : 
 
1. Jejer nagari Kediri : prabu lembu amijaya kahadep patih jayabadra lan para sentana. Rembag : sungkawa awit nampi palapuran saking jenggala bilih panji Asmara bangun lan panji singa brajanata murca, dereng dangu kesaru praptanipun duta saking nagari lodaya patih singa kumbang lan duta saking nagari bantarangin patih jayakuncara, sami sami nggadahi sedya kepengin nglamar Dewi sanggalangit, sulayaning rembag dadi pasulayan wekasan duta kekalih medal njawi. Prabu lembu amijaya ndawuhaken patih jayabadra kinen misah kang bandayuda. Pasewakan bibar. 
 
2. Paseban njawi : patih jayabadra nimbali sagung wadya kadiri. Arsa misah kang bandayuda aneng alun alun praja kadiri, sedaya sandika gya budhalan. 
 
3. Perang gagal : patih jayakuncara ing bantarangin klawan patih singa kumbang ing lodaya sami aben ajeng adu tosing balung uleting kulit, dereng dangu dipun pisah dening patih jayabadra ing Kediri, lan duta kekalih kadawuhan sowan ing praja saperlu nampi dawuh ingkang sinuwun, sedaya sami sowan. Candhakan : prabu lembu amijaya kahadep duta kekalih, sang nata dawuh badhe kawontenaken sayembara, sinten kemawon ingkang saged ngawontenaken tontonan ingkang wonten ing Kediri kang dereng wonten ing donya, inggih punika ingkang saged nampi panglamaripun sanggalangit, duta kekalih pamit gya wangsul ing nagarinipun sowang sowang. 
 
4. Ing nagari bantarangin : prabu klana sewandana kahadep bancak lan doyok,lajeng nampi praptanipun patih jayakuncara. Rembag : bab sayembara Kediri. Sang nata ndawuhaken patih ndamel prajurit ingkang nitih turangga cacah 140 ingkang saged mbeksa lan dipun iringi gamelan tinabuh para sentana bantarangin tumuli budal dipun kirapaken ing Kediri. Sigeg
 
Pathet sanga : 
 
1. Ing pertapan karangpucang/guwa selamangkleng : Dewi kilisuci kahadep panji sutradiwangsa lan panji sutrawinangun, rembag : kadawuhan dening ingkang sinuwun ing jenggala prabu lembu amiluhur kinen ngupadi murcanipun panji singa brajanata lan panji Asmara bangun, Dewi kilisuci paring srana dhateng panji kembar inggih menika panji sakembaran salin busana kados tiyang alasan, lan angagem kedok/topeng buta, lajeng kaparingan nama bujangganong, kanthi srana punika saged pinanggih ingkang raka ing jenggala, gya budhal lan kaderekaken sebul lan palet. 
 
2. Ing nagari lodaya : prabu singa barong nampi praptanipun patih singa kumbanh,ngrembag bab sayembara Kediri, sang nata ndawuhaken kinen budhal ing Kediri sarwi anitih titihanipun aran banteng ketaton, kaderekaken wadya lodaya ingkang wujud barong. Gya bidhal. 
 
Pathet manyura : 
 
1. Ing nagari Kediri : prabu lembu amijaya lan sanggalangit, nampi sowanipun prabu klana sewandana lan patih jayakuncara ing bantarangin, ngaturaken bebana sayembara, dereng dangu kesaru praptanipun patih jayabadra wadul menawi prabu singa barong saking lodaya mbarang amuk, prabu klana sewandana lan patih jayakuncara mapagaken mengsah. 
 
2. Perang brubuh : prabu klana sewandana lan patih Jayakuncara mapagaken prabu singa barong lan patih singa kumbang, dadi perang rame, prabu singa barong teluk dipun kawonaken prabu klana sewandana mawi pusaka pecut samandiman, wekasan prabu singa barong dados singa, patih singa kumbang kasoran gya mlajar ngupadi srayan. Candhakan : patih singa kumbang pinanggih bujangganong, nyuwun srayan mikut Ratu bantarangin, bujangganong sandika gya nglurug ing Kediri. 
 
3. Candhakan : bujangganong pinanggih prabu klana sewandana lan patih jayakuncara, dadi perang rame wekasan sami badhar sedaya, bujangganong badhar panji sutradiwangsa lan panji sutrawinangun dene prabu klana sewandana badhar panji singa brajanata, patih jayakuncara badhar dados panji Asmara bangun, sedaya sami makempal sami suka bungah, patih singa kumbang ing lodaya kewirangan satemah ngamuk, dipun sirnakaken panji Asmara bangun mawi sarotama pejah kapisanan. 
 
4. Adegan pungkasan : prabu lembu amijaya kahadep sanggalangit, lan para putra jenggala, sami suka syukur dene sedaya sami timbul, nanging sanggalangit wurung anggenipun krama awit putri wandu jalaran mendem ngelmu saking bibi Dewi kilisuci. Nanging mboten dados punapi jalaran panji singa brajanata nglenggana ing lelampahan punika. Ingkang baken lelampahan sampun purna lan sedaya sami makempal
Tancep kayon

Comments

Popular Posts