Lampahan Laire Jayabaya (Wayang Madya)
(ringgit tokoh prabu gendrayana,keng ramanipun jayabaya,jumeneng nata ing mamenang kanthi jejuluk prabu aji baya. ringgit koleksi Ki Rudy Wiratama Partohardono)
Pathet nem :
- jejer negara yawastina : prabu sudarsana ya prabu yudayaka kahadep patih sunjali lan harya sindureja.Rembug : ngelingi lelampahan sudarsana kethok jaman semanten,ingkang raka prabu gendrayana katundhung dening dewa kinen babad wana mamenang kinarya nebus dosanipun dhateng sudarsana. Lajeng sang nata ndawuhaken ki patih kinen tata tata wadya bala tumuju dhateng wana mamenang ngupadi ingkang raka prabu gendrayana,ki patih sandika. Kondur ngedhaton.
-paseban njawi : patih sunjali kahadep punggawa harya sindureja,sindusena,sindupati lan tumenggung dursubala. Rembag : tata tata bidhal ing wana mamenang nderekaken tindake prabu sudarsana nyusul ingkang raka prabu gendrayana. Budhalan.
- jejer nagara widharba (hindia) : prabu palguna kahadep patih manggakala.rembag : sang nata Tan kelampahan ngukup negara widharba jalaran negara sak isen isene kagulung dipun lebetken teken wuluh gading dening ingkang raka resi budha,ing sedya arsa nglacak murcane negara widharba. Budhalan sabrang.
-perang gagal : wadya widharba kepapag wadya yawastina, sulayaning rembag dados pancakara rame wadya widharba mundur.
-adegan magak ing kahyangan jonggringsaloka : resi budha badhe sowan ing ngarsane batara guru kepapag para jawata, ing sedya resi budha kepengin ngupaya panitisan wong tanah Jawa,sulayaning rembag dadi pancakara rame kaliyan dewa. Perang pengabaran, wekasan para jawata kawon. Kasapih batara naradha, lajeng ndawuhaken resi budha tumuju dhateng wana mamenang, pinanggya lawan prabu gendrayana lan kaparingan pelem talijiwa kinarya sarana. Resi budha sandika gya bidhal. Sigeg
Pathet sanga :
- ing satengahing wana : prabu sudarsana kahadep punakawan. Rembag : sang nata ngajak punakawan ngupaya ingkang raka prabu gendrayana ing wana mamenang. Sang nata lukar busana kanarendran dados kasatriyan. Budhal
-perang kembang : prabu sudarsana kepapag wadya widharba. Sulayaning rembag dados pancakara, wadya widharba pejah. Sigeg
Pathet manyura :
-ing alas mamenang : prabu gendrayana kahadep Dewi padmawati lan patih sutikna. Rembag : dereng kelampahan babad wana mamenang lan kemutan lelampahan sudarsana kethok jaman rumiyin, ngantos katundhung para dewa. Dereng dangu kesaru praptanipun resi budha. Rembag : maringaken teken wuluh gadhing ingkang isinipun negara widharba sak isen isenipun dhateng prabu gendrayana awit nampi dhawuh saking batara wisnu ingkang kados mekaten. Candhakan : teken wuluh gading kabanting, teken sigar dados negara sak isen isenipun, prabu gedrayana ngungun. Kaliyan resi budha kajumenengaken nata kanthi jejuluk prabu aji baya, lan negara kaparingan nama kadiri, ingkang mawa teges negara madeg tanpa sangkan lan ugi kawastanan negara mamenang awit mapan wonten ing alas mamenang. Lajeng resi budha maringaken pelem talijiwa dhateng Dewi padmawati. Sasampunipun punika resi budha nyuwun pejah dhateng prabu gendrayana, nanging prabu gendrayana Tan purun, resi budha muring sarwi nyemoni prabu gendrayana menawi sanes turun janaka, umpami turun janaka kedahe purun sarwi ngunus kyai pulanggeni. Candhakan : prabu gendrayana muring lajeng ngunus kyai pulanggeni, mangertos prabu gendrayana ngunus kyai pulanggeni gya resi budha nubruk kyai pulanggeni. Pejah sang resi budha manitis dhateng jabang bayi kang kinandhut Dewi padmawati.
-ing negara Kediri : prabu gendrayana kahadep Dewi padmawati lan patih sutikna. Rembag : rumaos lega Dene sampun purna nglampahi pinten pinten pacoban, dereng dangu kesaru praptanipun prabu sudarsana, patih sunjali lan punakawan. Rembag : sami ngungun Dene ingkang raka prabu gendrayana sampun mentas saking pacoban lan prabu sudarsana ngaturaken bekti kangen dhateng ingkang raka. Candhakan : Dewi padmawati kraos badhe babaran, gya nglahiraken jabang bayi. Sasampunipun miyos, jabang bayi kaparingan nama raden narayana, ya jayapurusa ya raden jayabaya utawa Jaya ing bebaya kinarya pengenget nama jayabaya karana sang nata prabu gendrayana ya aji baya nglampahi lelakon pacoban mawarna warna tansah Slamet, wilujeng saking bebaya. Kasaru praptanipun harya sindupati,wadul menawi prabu palguna ing widharba ngamuk nyuwun wangsuling kamukten. Prabu sudarsana ndawuhaken harya sindupati kinen ndawuhaken harya sindusena ingkang magut palagan, sandika gya budhalan. Sigeg.
-perang brubuh : prabu palguna ngamuk kepapag harya sindusena, dadi perang rame, nanging prabu palguna kawon lajeng mundur sarwi nguman uman badhe mbedah negara Kediri. Wadya widharba bela sang nata, kaseblak barat dening harya sindusena. Sasampunipun purna lajeng harya sindusena tayungan.
Tancep kayon



Comments
Post a Comment