Lampahan Jagal Walakas/Lahire Panji Kasatriyan (Wayang gedhog)



(nata jenggala,prabu sri lembu amiluhur ya prabu dewakusuma,keng ramanipun raden panji kasatriyan ya panji asmarabangun,koleksi Ki Rudy Wiratama Partohardono)




Pathet nem :

1. Jejer negari majapura : prabu tejangkara kahadep patih Jaya anggana,dereng dangu praptanipun kadang sepuh Ratu jenggala prabu lembu subrata ya .rembag : wusnya dhaup temanten ingkang putra jenggala raden dewakusuma kaliyan Putri majapura dewi tejaswara, ing sedya prabu lembu subrata arsa mboyong temanten ing jenggala kinen badhe dipun pahargya,prabu tejangkara ngeparengaken nanging angentosi genep selapan dinten dhauping temanten. Dereng dangu anggenipun pirembagan kasaru praptanipun emban ngandika bilih dewi tejaswara kacidra dening duratmaka, raden dewakusuma dipejahi, dadi gegeran. Candhakan ing kedhaton : nata kekalih sareng mangertos ingkang putra raden dewakusuma sampun dumugi sedha, lajeng prabu lembu subrata nyuwun pamit arsa mbeta layon ingkang putra, badhe ngupadi sarana waluyaning ingkang putra. Prabu tejangkara ndawuhaken patih Jaya anggana kinen ngawe para wadya majapura arsa nderekaken lampah prabu lembu subrata wangsul jenggala. Sandika bubaran. Sabibaranipun punika budhalan majapura.

2. Ing paseban njawi : prabu lembu subrata kahadep Abdi kekalih singa lodra lan singa andaka. Prabu lembu subrata ndawuhaken Abdi kekalih dados macan sakembaran, lajeng prabu lembu subrata nglebetaken kwandanipun ingkang putra ing kendhaga. Gya kalarung ing bengawan, macan kekalih kinen ngawat awati lampahipun kendhaga.

3. Ing negari jejenar : Raja ditya prabu rukmakala kahadep patih wrahatsata. Rembag : sang nata gandrung kaliyan dewi tejaswara, ing pengangkah arsa nyidra ing kedhaton, prabu rukmakala ndawuhaken patih wrahatsata kinen ngawe wadya kinen nderekaken lampahipun. Budhalan sabrang, dene prabu rukmakala ngambah gegana.

 4. Perang gagal : ing margi wadya jejenar kepapag barisan wadya majapura. Sulayaning rembag dadya pancakara rame, wadya jejenar kawon, nyimpang marga. Candhakan : ing gegana prabu rukmakala kepapag duta ing nagari bojanegara dutanipun prabu klana tunjungseta nenggih patih banendra ingkang sampun kelampahan nyidra dewi tejaswara, dadi perang rame wekasan patih banendra kawon lajeng mlajar njujug ing nagarinipun, prabu rukmakala nututi. Sigeg.

Pathet sanga :

1. Gara gara

 2. Ing nagari bojanegara : prabu klana tunjungseta gandrung dewi tejaswara, dereng dangu praptanipun patih banendra sarwi mbeta dewi tejaswara, prabu klana tunjungseta dahat suka tyasipun, lajeng ndawuhaken patih banendra kinen dewi tejaswara kajujugaken ing kedhaton. Candhakan prabu rukmakala dahat murina lajeng Salin wujud dados emban, nalika dewi tejaswara ing kedhaton, emban malihanipun prabu rukmakala lajeng nyidra dewi tejaswara, prabu klana tunjungseta muring lajeng ndawuhaken patih banendra kinen ngoyak emban punika. Sandika gya bidhal. Candhakan : emban malihanipun prabu rukmakala ingkang sampun nyidra dewi tejaswara punika kepapag patih banendra, sareng dipun rebat dadi perang rame wekasan patih banendra pejah. Prabu klana tunjungseta muring sanget gya nututi playune emban. Sigeg

3. Ing tepining bengawan : kendhaga wadah layon raden dewakusuma dipun temu kaliyan jagal welakas. Nalika badhe kabekta wangsul ing dalemipun kepapag macan sakembaran malihanipun Abdi jenggala nenggih singa lodra lan singa andaka ingkang ngawat awati lampahipun kendhaga punika, sareng dipun jaluk datan diulungaken dadi perang rame, macan sakembaran kawon gya wangsul ing jenggala. Dadi atur ing ngarsanipun prabu lembu subrata. Sigeg

 Pathet manyura :

1. Ing nagari jenggala : prabu lembu subrata kahadep ingkang rayi prabu tejangkara ing majapura, sungkawa anggenipun nampi pacoban punika. Kedadak praptanipun Abdi jenggala singa lodra lan singa andaka wadul yen kendhaga wadah layon ingkang putra dipun temu jagal welakas, sareng dipun jaluk datan diulungaken wekasan perang rame nanging Abdi kekalih kasoran. Prabu lembu subrata muring lajeng muja semedi badhe nggugat jawata, awit saking perbawa semedinipun nata jenggala kerawuhan batara narada. Rembag : bab lelampahan punika, batara naradha ngandika bilih raden dewakusuma punika nama kewahyon,awit jagal welakas punika sanes manungsa limrah jalaran punika malihanipun sang hyang wenang,ing pengangkah arsa kaparingan daya kasekten. Prabu lembu subrata namung saged pasrah dhateng kahanan, batara naradha kondur kahyangan. Candhakan : raden dewakusuma wangsul lajeng nyariosaken lelampahan punika, lajeng nyuwun pamit badhe ngupadi murcanipun dewi tejaswara. Sigeg.

2. Candhakan : ing margi raden dewakusuma mangertos emban malihanipun prabu rukmakala sarwi mbeta dewi tejaswara, nanging emban datan mangertos yen wonten oyot wit ringin ageng kang ndamel emban tiba kalenggak, dewi tejaswara kasaut raden dewakusuma lajeng emban dipun jambak rikmanipun lajeng badhar dados prabu rukmakala dadi perang rame wekasan prabu rukmakala pejah ing tanganipun raden dewakusuma. Raden dewakusuma mboyong wangsul garwanipun ing jenggala.

3. Ing nagari jenggala : prabu lembu subrata kahadep ingkang rayi prabu tejangkara ing majapura. Dereng dangu pisowanipun raden dewakusuma mboyong ingkang garwa dewi tejaswara, nata kekalih suka tyasipun, nanging dewi tejaswara Tan dangu kraos badhe babaran. Lajeng prabu lembu subrata anggege jabang bayi lajeng miyos kakung. Emanipun dewi tejaswara sampun seda konduran, dadi tangisan wong sak praja. Minangka lirunipun prabu tejangkara maringi liru rayinipun dewi tejaswara nama dewi maeswara kang dados garwanipun, raden dewakusuma namung pasrah. Candhakan : dewi tejaswara karukti kwandanipun dipun unggahaken ing pancaka, sasampunipun atur upacara sedanipun dewi tejaswara. Raden dewakusuma maringaken nama ingkang putra nenggih inu kertapati, lajeng prabu lembu subrata maringaken nama wasiat panji kasatriyan ya panji Asmara bangun. Candhakan : sasampunipun paring nama, raden dewakusuma kawisudha dados nalendra ing jenggala kanthi jejuluk prabu Sri lembu amiluhur ya wong Agung dewakusuma ya adipati jayengrana,wondene patihipun dipun embani dening kudanawarsa putra harya parijaka ingkang tasik kaprenah kakangipun . Sasampunipun kepyakan wisudha nalendra Tan dangu kasaru praptanipun patih Jaya anggana wadul yen Ratu bojanegara mbarang ngamuk, prabu lembu subrata ndawuhaken Abdi kekalih singa lodra lan singa andaka dados macan lan mapagaken parangmuka.

 4. Perang brubuh : prabu klana tunjungseta ngamuk kepapag macan sakembaran malihanipun Abdi jenggala inggih singa lodra lan singa andaka. Dadi perang rame, prabu klana tunjungseta kalah tur kewirangan dikroyok macan lajeng mlajar wangsul. Sigeg. 5. Jejer pungkasan : prabu lembu amiluhur sarimbit garwa dewi maeswara sarwi nggendong bayi raden inu kertapati ya panji Asmara bangun, kahadep ingkang Rama prabu lembu subrata lan prabu tejangkara ing majapura, saha patih Jaya anggana dalah patih kudanawarsa. Rembag : prabu lembu subrata pasrah jenggala sakwutuhe marang prabu lembu amiluhur dene prabu lembu subrata lereh keprabon, madeg pandhita ing jenggahoya peparab resi gatayu. Lan titip weling negara jenggala kasigar semangka dados sekawan : prabu lembu amiluhur tetep mukti ing nagari jenggala ingkang lami dene rayinipun cacah tiga : raden jayanegara kaparingan nagari mamenang lami kadawuhan Jumeneng nata jejuluk prabu lembu amijaya lan diembani dening sederekipun patih kudanawarsa nama patih jayabadra lan nagara kasalin nama nagari kadhiri. Dene raden Jaya sasana kaparingan nagari kawastanan nagari ngurawan lan kadawuhan jumeneng nata jejuluk prabu lembu amisena, dipun embani patih jayasinga. Dene raden Jaya antaka kaparing nagari kawastanan nagari singasari lan kadawuhan jumeneng nata jejuluk prabu lembu mardadu ya lembu amisani. Sedaya dhawuh prabu lembu subrata sampun purna. Ingkang putra prabu lembu amiluhur namung saged sandika. Lajeng sami konjuk sokur ing ngarsane gusti kang maha Agung. Tancep kayon

Comments

Popular Posts