Lampahan Bedah Bali (Wayang gedhog)
(tumenggung cakranegara ya klana jayengsari. Panji Asmarabangun ingkang ngabdi dhateng negara Ngurawan,koleksi Ki Rudy Wiratama Partohardono)
Pathet nem :
1. Jejer nagari ngurawan : prabu lembu amisena kahadep patih jayasinga,tumenggung dadapjenar, tumenggung dadaptulis lan tumenggung tohbahu. Rembag : tumenggung cakranagara ya klana jayengsari lelana ing Bali, badhe ngupadi kidang tracak waja, ing pengangkah arsa ngelar jajahan. Sang nata ndawuhaken patih jayasinga kinen ngombyongi jengkare tumenggung cakranegara dumugi ing njawi rangkah, ki patih sandika gya pasewakan bibaran.
2. Paseban njawi : patih jayasinga ngirid wadya bala ngurawan dhateng katumenggungan, nalika dumugi pinanggih kaliyan sastramiruda, patih jayasinga semu ndukani sastramiruda jalaran kumawantun mlumpat pager kedaton lan ulah Asmara lawan Dewi kumudaningrat, seling suruh dadi pasulayan, geger perang. Candhakan : ing mriku kapisah dening tumenggung cakranegara, lajeng nyuwun pamit arsa lelana ing Bali, gya bidhal. Nalika ing margi tumenggung cakranegara muring sanget dhateng sastramiruda, damel wirange ingkang raka mangertos lelampahan punika, badhe kasuduk duwung nanging kapisah dening panji wirun, sasampunipun lilih penggalihipun tumenggung cakranegara gya nganti kadang kadangipun tumuju ing Bali, sastramiruda rumaos lingsem jalaran dipun kendelaken dening ingkang raka,datan kakanti ing Bali. Sigeg.
3. Ing pelabuhan Bali : sasampunipun nitih baita, dumugi ing pelabuhan Bali, wadya kang tinindhihan jayasantika (wirun), jayaleksana (handaga) kaliyan yudapati (kertala) damel rusuh ing pelabuhan, sakala dadi perang rame. Wekasan wadya Bali kathah kang sami pejah, sisanipun sami lumajar ing praja wadul sang nata Bali. Sigeg
Pathet sanga :
1. Ing nagari Bali : prabu jayalengkara kahadep patih Jaya Asmara, menak cau (bancak) lan menak Agung (doyok). Rembag : bab pasupenan ing Bali gunung Agung keleban banjir ageng, lajeng sang nata nyuwun werdi dhateng menak cau, menak cau ngandika bilih samangke Bali kerawuhan mengsah arsa mbedah praja, kedadak praptanipun wadya Bali wadul menawi samangke ing bandar Bali kadamel rusuh dening wadya ngurawan, sarwi sesumbar njaluk teluk napa praja bedah, lajeng sang nata paring layang dhateng menak cau dipun aturaken ing ngarsanipun tumenggung cakranegara, sandika gya bidhal.
2. Candhakan : tumenggung cakranegara kagadep jayasantika, jayaleksana lan yudapati. Kerawuhan menak cau ngaturaken serat layang saking nata Bali, lajeng wangsul, nalika serat kawaos dening tumenggung cakranegara, mesem jroning wardaya jalaran serat ingkang tinulis ing layang jebul seratanipun piyayi Putri, lajeng dawuh mring para kadang kinen tumuju ing praja Bali, arsa kabedah
3. Ing alun alun Bali : menak cau, menak Agung lan patih Jaya Asmara mapagaken mengsah, wadya Bali kathah kang sami pejah jalaran pengamuking jayasantika nitih gajah, lajeng menak cau nyipat bedhil mimis kencana katamakaken mring gajah wekasan gajah pejah, wadya ngurawan mundur ajrih mring menak cau. Sareng mangertos wadya mundur, yudapati ngamuk, menak cau kapikut dening yudapati, nanging dereng dangu kapapag menak Agung, wekasan menak Agung kasoran gya lumajar, lajeng nabuh bendhe tengara mundur, nanging bendhe tinabuh mboten mungel, pratandha menawi nagari Bali badhe bedhah, gya mlajar ing praja wadul mring sang nata.
Pathet manyura :
1. Ing praja Bali : prabu jayalengkara nampi sowanipun menak Agung wadul menawi wadya Bali kathah sami pejah, menak cau kapikut musuh, bendhe tengara mundur datan mungel, Sri nata sungkawa gya mlajar ing sanggar palanggatan. Candhakan : rikala ing sanggar palanggatan prabu jayalengkara sesambat mring dewa jebul tumenggung cakranegara lumampah dedemitan, lajeng tumenggung cakranegara ngaku menawi batara kamajata, sang nata datan pitados dadi perang rame, wekasan prabu jayalengkara kapikut badar dados Dewi sekartaji, dene tumenggung cakranegara badar dados panji Asmara bangun. Wekasan sami suka parisuka dene sedaya sami pinanggih.
2. Candhakan brubuh : kapireng kabar bilih prabu jayalengkara seda, patih Jaya Asmara ngamuk kepapag yudapati lan jayaleksana wusana patih Jaya Asmara badar dados Dewi ragil kuning dene yudapati badar dados panji kertala, jayaleksana badar dados handaga, sedaya sami bingah. Menak cau lan menak Agung pinanggih sami bingung kepapag jayasantika dadi perang gecul wekasan menak cau lan menak Agung badar dados bancak lan doyok dene jayasantika badar dados panji wirun.
3. Adegan pungkasan : wadya ngurawan sampun kelampahan bedah Bali gya ngluwari Ratu Bali saderengipun ingkang wonten pakunjaran, prabu jayanatpada klawan putra kekalih kudanatpada lan Dewi andayaprana. Sampun kelampahan linuwar saking pakunjaran, prabu jayanatpada kajumenengaken nata Bali malih, Dewi andayaprana krama klawan panji Asmara bangun dene kudanatpada nyuwun suwita, lajeng kaangkat minangka sedulur sinarawadi lan pinaringan nama arya kusumadilaga. Sedaya sami konjuk sukur Tancep kayon
Comments
Post a Comment